KANTIL ORA KONTAL

Kaanggit dening Slamet Dumadi

Til, kontal kantil

Tal, kantil kontal

Wening

Watu buto ora duwe kanca

Watu buto ora direkso

Ana tengah wana Rogoselo

Til, ananing mung watu-watu lumuten

Tal, namung godhong-godhong katiup angin mrosal

Til, kontal, kantil

Tangise kinjeng tangis ngelangut ora ana sing nyaut

Apa sing dak karepake marang watu-watu iku

Baron Sceber sing kuwalat merga kumawani marang Penatas Angin

Reca ora ana sing nglirik merga ora apik

Til kontal kantil

Tal kantil kontal

Watu-watu seksi rikala Hindu dadi ugemaning laku

Ojo nganti kontal

Ojo nganti kontal

Lingo yoni lumping umpak-umpak candi

Ojo nganti kontal melik materi

Kantilen sing kemantil-mantil

Kantil kantil kantil

Kemantil marang yoni ing batursari

Nagapertala nang sisih kana, pinggiraning Petungkriyana

Kemantil  marang sintren

Batik

Megono lan taoto

Jalaran yen kowe kantil

Bakal kemantil